Kamis, 30 Oktober 2014

Lagu Puji-Pujian dalam bahasa Jawa




Sholatullah Salammullah ‘ala toha rosulillah
Sholatullah Salammullah ‘ala yasiin habiillah
Allah Wujud, Qidam, Baqo’
Mukholafatu, Lil Hawaditsi
Qiyamuhu, Binnafsihi..
Wahdaniyah, Kodrat, Irodat
Ilmu. Hayya, Sama’, Basor
Kalam, Qodiron..
Al Muriddan, Kaliman, Hayyan
Sami’am, Bashiron, Mutakaliman
Eling siro kang sak nyoto
Rukune Islam kang limo
Kang sepisan moco sahadat
Tekatno lan ngucap siro
Kaping pindo iku sholat
Ono ing fardu kang limo
Kaping telu aweh zakat
Lamun siro sugih bondo
Kaping papat iku poso
Ono ing wulan romadhon
Kaping limo ziaroh haji
Aneng Mekah lamun kuoso
Lan malih rukune Iman
Yoiku enem perkoro
Kang sepisan imano siro
Ing Alloh Pangeran kito
Kaping pindho imano siro
Ing malaekate Gusti Alloh
Kaping telu imano siro
Sekehing kitabe Alloh
Kaping papat imano siro
Ing utusane Pangeran kito
Kaping limo imano siro
Dino kiamat mesti ono
Kaping enem imano siro
Ing pepesthening Gusti Alloh
Olo becik iku nyoto
Kersaning Pangeran kito
Lan malih rukune wudlu
Yoiku enem perkoro
Kang sepisan niat kelawan ati
Kaping pindho masuh rai
Kaping telu masuh astane loro
Kaping papat ngusap sirah
Kaping limo masuh sukune loro
Kaping enem iku tertib
Eling-eling siro manungso
Temenono anggonmu bekti
Mumpung during katekanan
Malaekat juru pati
Moloekat juru pati
Lirak lirik marang siro
Nggone nglirik angenteni
Dawuhe kang moho suci
Cilik cilik diwulang ngaji
Besok gede supoyo ngerti
Agomo islam agomo suci
Sopo ra ngaji awake rugi
Rugi donya ra dadi opo
Rugi akherat bakal ciloko
Sopo wae ra iso mbelo
Kurang bejo mlebu neroko
Emane yen dadi wong sugih
Golek bondho ra wigah-wigih
Barang haram digowo mulih
Neng akhirat bakal ditagih
Eman ugo yen dadi wong mlarat
Akeh dosa neng ra tobat-tobat
Gaweane mung nunggu zakat
Opo maneh yen ora sholat
Eman maneh yen sugih bondho
Pengin opo wae mesti iso
Neng ra sadar kakehan dosa
Suk yen mati bakal ciloko
Emane yen dadi pedagang
Ngalor ngidul dodolan barang
Golek bathi ra kurang-kurang
Neng sholate do arang-arang
Eman uga yen dadi petani
Mengkat esuk ngarap pari
Wektu luhur dilewati
Sholat ngasar nganti lali
Eman maneh yen dadi bakul
Nggowo barang ngalor ngidul
Golek pangan nggo isi wakul
Neng sholate do podo ucul
Paling eman yen dadipejabat
Gaweane mung rapat-rapat
Omong lamis ngapusi rakyat
Opo maneh do ora sholat
Kyai Abdul Basir sempat menyempaikan beberapa
syair Jawa.. berikut sedikit petikannya:
Hasbunallohwa ni’mal wakkil
Ni’mal mawla wa ni’man Nasir
La haula wala quwata
Ila billahil ‘aliyil ‘adhim
Urip kudu sing ati ati
Amal becik do dilakoni
Golek ridhane kang moho suci
Neng akherat bakale mukti
Karcis swargo kuwi murah
Neng akeh sing podo wegah
Karcis neroko kuwi larang
Sing seneng kok pirang-pirang
Urip saiki kudu waspodo
Godaane werno-werno
Halal haram ra pati cetho
Salah pilih bakal ciloko
Werkudoro gambare wayang
Gatotkoco iso mabur
Ayo konco do sembahyang
bakal slamet neng ngalam kubur

Berikut petikannya :
……..
eling eling siro manungso
kito sedoyo bakale sedo
kito sedoyo bakale mulih
diklambeni sandangan putih
diklambeni sandangan putih
ditumpake kereto jowo
rodo papat rupo menungso
di dusi nganggo banyu kembang
tonggo tonggo podho nyawang
do tangisan koyo wong nembang
do tangisan koyo wong nembang
siro mati bondho ra melu
bojo ayu bejo sing nemu
ning kuburan podho tangisan
ditinggal mati nggrayah warisan
ditinggal mati wegah tahlilan
eling eling siro manungso
ojo podho rebutan bondho
simbah simbah ayo ngibadah
najan umur wis ora tambah
simbah simbah yen ra ngibadah
ning akherat bakale susah
ning akherat bakal dipisah
awit cilik diwulang ngaji
besok gedhe ben dadi santri
ojo seneng ngombeni wisky
opo meneh pil ekstasi
doyan wadon karo maen judi
yen wong urip amale kurang
suk nek mati cemplungke jurang
najan kere amale gedhe
ning suargo dipakani sate
ning akherat dipenak penake
cekap semanten panglipur kulo
tembang kulo tembang wong jowo
menawi lepat nyuwun ngapuro
nyuwun ngapuro kalih nyuwun arto
nyuwun arto gawe tumbas sego
sing maringi , tak dongakke slamet
sing ra maringi , yo kebangeten banget
sing ethok2 turu , tak dongakke slamet
ning sithik wae..
Sangu Pati
July 12th, 2008 by berliana79
Eling – eling siro manungso
Ngelingono anggonmu sholat lan ngaji
Mumpung durung ketekan malaikat juru pati ( Iszro’il )
Panggilane kang moho Kuwoso
Gelem ra gelem bakal di gowo
Den saline sandangan putih
Yen wes budal ra biso mulih.
Tumpakane kereto jowo
Roda papat rupa manungso
Jujugane omah guwo
Tanpo bantal tanpo kloso
Omahe ra ono lawange
turu ijen ra ono kancane
Di tutupi anjang- anjang
Diurug lan di siram kembang
Tonggo – tonggo podo nyawang
Tangisane koyo wong nembang
Yen ngijik ayang- ayang
Pertondho imane kurang
Kelingan dhek emben, ana tembang puji-pujian mengkene;
Eee….sedulur yen wis krungu ana adzan
mlebu mejid ngelingana kuwajiban
sholat sunat aja nganti ketinggalan
tunggu imam sinambi puji-pujian
( ora njur malah padha ndopok nang njero mesjid )
Eeee…..manungsa rukun islam ana lima
syahadat sholat pasa, zakat haji genep lima
sholat iku penting bisa nyegah laku ala
sak jeroning sholat mengku donga warna-warna

sumber :  http://j4w4.wordpress.com/about

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

NOMOR 2

Nomor Dua Oleh: Dahlan Iskan Kamis 15-02-2024,04:37 WIB SAYA percaya dengan penilaian Prof Dr Jimly Assiddiqie: pencalonan Gibran sebagai wa...